Jumat, 28 September 2018

Parikan Jowo Katresnan Lucu

parikan jowo katresnan lucu


Parikan jowo katresnan - Hai sobat pembaca setia, kali ini kita akan kupas mengenai parikan jowo. Buat kamu yang bukan asli jawa tentu bingung apa sih parikan?. Yap parikan dalam bahasa jawa diartikan sebagai pentun, jadi sekarang sudah jelas bukan apa yang dimaksud dengan parikan tadi. Yuk kita simak apa saja parikan jawa yang telah admin kumpulkan dari berbaga sumber berikut ini:

Parikan Jowo Katresnan Lucu


Kincir ngglinyer.kentekan gas...
Kadhung kentir. Gak digagas.

pring bongkote biru
Kadhung muring.malah kur diguyu

Budhal ning Magetan.kulak sepatu
Mampir dhisik tuku karet gelangan.....
Tak kiro wis kangen Karo aku..
Tibakno mung arep golek utang utangan

Akeh gedhang.akeh klopo
Kranjange dikurepno....
Akeh bujang, akeh rondho..
Kok sing duwe bojo, sing dikarepno ..

Bagong kepluntir....
Malah dipijet Sampek biru...
Bojone wong kok dipikir..
Nang awak marai Kuru...

Isuk kuwatir....bengine kepluntir....
Kepluntir ning ngisor mejo...
Isuk mikir, bengine mikir...
Sing dipikir ora rumongso

Nyangking klambi gak dienggo...
Dikempit ning isor kelek .....
Wis rabi gak rumongso jodho....
Bareng ganti...kok malah oleh sing luwih elek.....

Madumongso ditaleni rafia.
Didol Sewu limo...
Dirasani ora kroso, malah godha pria..
Digodho Karo Prio bojone songo....

Pil kabe diombe Kabeh...
Jarene Ben rame.wedok songo dirabi gak ngengeh..

Pring petung...Mas ditegor kanggo cagak.....
Cagak tembok  duwure Patang meter..
Jarene iso masak...
Jebule kur isone mider mider

Janur manten kang maaaassssss.......
Dinggo hiasan omah...
Jarene Moh maaaassssss
Kok terus ngajak bubrahhhh

Sego sak cething....didahar guru...
Bar dahar piringe diisahi..
Jarene gething ,kok Sik  maju...
Barang maju.....tak sayangi ning ati...

Delok ketoprak Mas.
Jenenge tansah Tresno....
Monggo pinarak Mas......
Mersani ngantos Paripurno

Gedhang kepok Mas.
Isiine legit...
Tak kiro wis kapok ,Mas
Jebule Sik ngajak nyedhit...

Sajen panggang.sak awak utuh..
Disigar dadi wolu...
Jarene sayang, tapi Ra Patek butuh..
Mboso buyar kok sirahe ngelu

payungan panas panas.ning pasar...
Jarene arep tuku sayur...
Mlakune wis kemramyas....
Tibakno bocahe lagi kemencur

Numpak bis,bareng bareng Karo konco ...
Lungo ning Sarangan Melu workshop
Direwangi ngguyu Kabeh sak bolo kurowo
Jebule enek sing anteng, kur dlongap dlongop.....


Sate gule bakur, enak tenan...
Sing masak wis tuwo...
Rasane koyo wong kelangan....
Yen lagi nandhang Tresno...

Udan udan sangu payung....
Mergo udan deres......
Rasane ati semedhot nandhang Wuyung
Rasane linglung ning ati ngeres

Petruk pethuk Bagong..
emayanan podho njagong...
Bareng kepethuk tambah bengong..
Domblang domblang koyok wong bodong

Tuku sate ning Sidoarjo..
Sate gule Joss rasane....
Ojo gawe gelo iyoooo...
Yen gak weruh sepiro kangene.


Pring gapuk dinggo cagak...
Ditebang ning sawah....
Rasane ati pingin ngakak...
Tapi Wedi dikiro wong owah..

Kucing Anggora.kucing Persia
Loro panas disuntikne..
Tresnoku lali aku jarene amnesia
Asline wis oleh pacar laine

Demikian lah Parikan Jowo Katresnan semoga menghibur hati pembaca sekalian, jangan lupa share bila bermanfaat ya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar